Sabtu, 23 Maret 2013

Asmarandana

anjasmara ari mami
masmirah kulaka warta
dasih mutan wurung layon
aneng kutho probolinggo
prang tanding lan wuru bisma
kariya mukti wong ayu
pun kakang pamit palastra

wus bejane awak mami
tan tukus mangestunning dyah

dhasar gembeng wong acingeng
ojo gawe wirang bisma
moro age patenana
eman - eman wong abagus
yen kongsi tumekeng lena

ibo dukane narpati
ratu ayu maja lengka
yen sira memahi layon
mbenjang yen ingsun kepanggya
paran ature manira
mesthine ingsun kalampah
apa pepulihing duka

sira sun anggep pengarih
murih camering asmara
mariya nggonmu wirogo
prabu kenyo nuli prapto
nusul anggoning sun nendra
sun kekudang ning jinemrum
sun ungrum amanuhoro

aja sira andaleming
lah age sira malesa
aja katon lanang dhewe
yo le yo ning damar wulan
sun tan nedya lawanana
sakarsanira sun lumuh
murih apa nganiaya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar